Jumat, 20 April 2012

Geguritan

WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU jakarta 8 april 2009 rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene saklawase ora nate ketemu saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur ana cerita rinajut endah dik, kala kala sliramu isih dadi impenku pirsanana ana nduwur kae ana teja manther ing sela-selaning gegodongan lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen simpenen kangenmu ana impen *** LINTANG-LINTANG lintang-lintang abyor ing tawang cumlorot sliweran nalika alihan kumleyang mencok ing socamu asihku cahyane gumebyar sunare gilar-gilar ing telenge atimu sliramu tansah dakantu lintang-lintang alihan cumlorot telu ana pundhakku kawitan lintang abang lintang perang kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Silahkan beri komentar dengan bebas tetapi tetap menjaga budaya kesopanan ,trims..